Njagi Amanah Leluhur Kangge Nuswantoro: Sabar minangka Tumbak Kawelasan
Njagi amanah leluhur dudu bab enteng. Nuswantoro puniko bumi warisan agung, dikei titipan sejarah, budaya, lan ruhani. Leluhur sampun nglantaraké dhasar kang kiyat: tata krama, rasa, lan kawruh kang ngubengi langit lan bumi. Nanging kabeh puniko mung biso lestari menawi dijaga kanthi sabar.
Sabar puniko sejatiné dudu pasrah tanpo daya, nanging kawicaksanan kang njalari wong tetep tegak naliko badai nguncalaké awak. Ing jagad Nuswantoro, sabar puniko dadi tumbak kang ora katon: mbela tanpo ngrusak, ngendhalèkaké tanpo nguwasani, nglantaraké kekuwatan batin luwih soko kekuwatan ragawi.
"Wong kang tabah iku luwih gagah tinimbang sing menangaké peperangan, awit dheweke menangaké peperangan paling agung: nglawan nafsune piyambak."
Menawi sabar diparingi papan paling luhur, amanah leluhur bakal kajogo kanthi alami. Sabar dadi jembatan antara masa kepungkur lan masa ngarep, nglantaraké Nuswantoro tetep nyawiji, ora pecah dening hawa nepsu utowo geger sing ora perlu.
Mulo, sabar punika sejatiné dudu mung kabisan pribadi, nanging strategi luhur kanggo njogo amanah leluhur lan nyawiji Nuswantoro.
Copyright © 2025 Gus Masrur Al Malangi. All rights reserved. Dilarang menyalin atau menerbitkan ulang tanpa izin tertulis.
Komentar
Posting Komentar